Minggu, 14 Desember 2008

NGUNGKAP KEARIFAN LOKAL REYOG PONOROGO

"Iki Negeriku, Negeri kang dak tresnani, Indonesiaku.. yen aku ningali budaya-budaya ana kene, aku mesti ningali keindahan kang aneka-warna. Niscaya kowe bakal ngira keindahan-keindahan iki.. mutiara kang pading kelip. yen aku ngresapi makna saka budaya-budaya ana negeri ini, aku mesti bakal ngomong "luhur temenan negeri iki". Budaya iki budayaku... warisane para leluhurku... margo kuwi aku bakal tumindak kang paling becik kanggo negeriku lan aku pastike ora ana kang bisa ngrebut saka awakku... amarga Budaya iki Jiwaku... Budaya iki Ragaku... kawit mbiyen, sak iki, mbesok lan Sakteruse... 
Tema :
“Ponorogo ing Paningalanmu”
NGUNGKAP KEARIFAN LOKAL REYOG PONOROGO
Wujud kang Spesial saka Indonesia
(Penulis: Muzdakir Muhlisin, Mahasiswa Fakultas Filsafat UGM)
kata kunci: reyog, ponorogo, dan grebeg suro

Saka judul kang aku angkat ana dhuwur kuwi bisa di mangerteni yen Objek materi utawa bahan kajian ana ing karangan iki yaiku “REYOG PONOROGO”, menawa Objek formal utawa sudut pandang kang aku gunakake yaiku “LOCAL WISDOM” utawa “KEARIFAN LOKAL”. Menurutku, Reog Ponorogo ora amung skedar tradisi pertunjukan ananging uga salah siji ning kesenian budaya kang akeh makna lan nilai-nilai luhur saka bangsa Indonesia kanggo hayati urip iki kanthi leres. Makna ananing kesenian Reog iki ora amung ana ing keindahan lan kekhasan saka sisi tampilane wae kang pancen njanjekake kemegahan, ananging luwih saka kuwi yaiku ana ing nilai-nilai kultural utawa kearifan lokal kang visualisasine ketok ana ing simbol-simbol bagian tarian kang disajikake ana ing penampilan kelompok reyog yaiku tari warok, Tari jathil, Bujangganong, Tari Klana, lan Topeng Dadak Merak. Saka pamentasan kasebut nilai-nilai luhur kang arep disampekake, divisualisasekake suapaya meresap ing saben jiwa generasi mudha kanggo memperjuangake martabat bangsa.
Local Wisdom utawa kearifan lokal yaiku penanda kang nunjukake identitas kita kan beda dibandingake karo suku bangsa liyane. Nganggo perspektif local Wisdom bisa dimengerteni yen kanthi epistemologi Nusantara ora teko wilayah Malaysia, Singapura, Thailand lan negara-negara liyane. Term “Nusantara” nglambangake kekhasan kang membedakake budaya Indonesia karo budaya bangsa liyane senadyan karo bangsa serumpun kayata Malaysia uga wis beda karo budayane awake dewe. Senadyan saka politik ing sejarah padha ananging kang mbedakake Indonesia karo negara liyane yaiku Lokal Wisdom utawa kearifan lokale. Local Wisdom, “aku yaiku aku” ana ing kaitane karo Epistemologi (Pengetahuan), Metafisika (Makna kang kesirat ing Simbol-simbol reog kasebut) lan Axiologi (nilai-nilai luhur kan nglatarbelakangi pertunjukan reog kasebut). Kearifan lokal iki kang mbedakake antara budaya kita karo budaya liyane.



INSPIRASI DINA IKI


"AKU ORA PENGIN MATI KATHUK AKU KANTHI BENER TUMINDAK KANG PALING BECIK KANGGO NEGERI IKI SAMAMPU BAKATKU
LAN BAKAL SAKLAWASE DAK JAGA WARISAN PARA LELUHURKU
NGGUNAKAKE JIWA LAN RAGAKU KATHUK NAFAS TERAKHIR TAKHEMBUSAKE


Reog ponorogo ing waktu kepungkur dadi bahan omongan amarga di-klaim warisan budaya Malaysia. Sakjane kontroversi iki secara faktual bisa diselesaikake nganggo analisis runtut sejarah asal-mula budaya reog kasebut lan nilai-nilai kang nglatarbelakangi. Malaysia bisa wae mainake tarian reog kasebut fasih kaya kang dimainake masyarakat Ponorogo ananging mesti ora bisa nunjukske nilai-nilai kang nglatarbelakangi seni pertunjukan reog ikii diciptakake amarga budaya iki khas Indonesia kang diciptakake pada karo nilai-nilai kang diyakini masyarakat setempat yaiku masyarakat Ponorogo kang ora ditemoni ing daerah liyane. Yen Malaysia duweni dalih Reog (ana negara kuwi dijenengake Barongan) iku warisan suku Jawa kang migrasi utawa pindah menyang negeri jiran kasebut, wis sakmestine Barongan kasebut ora oleh di klaim saka Malaysia lan hak kepemilikan budaya Reog kanggo suku Jawa kang migrasi kasebut uwis ilang utawa gugur amarga deweke uwis resmi pindah negara saka negara Reog iku lahir dan berkembang yaiku ing Ponorogo, Jawa Timur, Indonesia.
Hak kepemilikan Imigran Jawa ana Malaysia iku gugur amarga Budaya Indonesia (Reog Ponorogo salahsijine) iku budaya hasil karya asli Manungsa Indonesia. Manungsa Indonesia kang aku maksud yaiku manusia Indonesia jiwa lan ragane. Penduduk Indonesia saka Sabang katuk Merauke kang diakui kanthi formal, nduweni tradisi kang khas Indonesia, nduweni karakter-karakter manusia Indonesia kang bisa di delok saka budaya-budaya kang diciptakake. misale Reog iki.
Senadyan kaya mengkono, kang dikarepke gugur ana kene ora berarti para Imigran Jawa ana Malaysia kuwi mau ora oleh mainake kesenian Reog. Imigran tetep diolehke amarga senadyan piye isih nduweni darah Jawa, teko titi wancine yo tetep keturunan jawa. Ananging Imigran kuwi amung diolehke mainake kesenian iki amarga dadi “Pewaris Budaya” kanthi personal dudu “Pewaris Budaya” dalam arti teritorial utawa Negara sahingga ora oleh dikomersialake apa meneh dipatenke ana Negara anyar anggone deweke urip sak iki. Yen pengen ngomersilake Reog iki, para Imigran kudu oleh izin lan menehi royalty marang negara asal Reog iki lahir utawa diciptakake yaiku Indonesia amarga kanthi teritorial Ponorogo ana ing wilayah Indonesia. Yen sing kaya kuwi mau ora dileksanakake, krisis multidimensial lan disintegrasi bangsa lan negara bakal tambah parah. Indonesia lan semana uga negara liyane uga bisa nge-klaim budaya siji lan sijine (budaya Malaysia umpamane) migunakake alibi kang padha yaiku ana Imigran Malaysia kang tinggal ana ing Indonesia kang ngewarisi budaya saka negara asale. Yen kaya mengkono apa gunane HAK CIPTA COBA?. Reog iku kang nyciptakake masyarakat Ponorogo lan diciptakake ana Ponorogo, Indonesia. Dadi wis sakmestine budaya iki duweke Ponorogo, duweke Indonesia!. Yen kepingin dadi pewaris resmi Reog ponorogo yo Pindah wae menyang INDONESIA.
-->
Epistemologis lan Axiologis kearifan lokal reog nycakup pengetahuan lan sejarah asal-muasal kebentuke budaya kasebut serta nilai-nilai luhur kang khas kang mbedakake karo bangsa liyane. Reog Ponorogo sakmestine nduweni nilai-nilai kang nglatarbelakangi kang asale saka nilai bangsa Indonesia kang beda karo Malaysia. Kanggo nggali nilai-nilai kang tercermin ana ing pertunjukan Reog Ponorogo, luwih becik yen kita mangerteni sejarah kang nglatarbelakangi kaya kang dak kutip saka Wikipedia bahasa Indonesia, ensiklopedia bebas iki:
Sakjane ana lima versi populer kang berkembang ana masyarakat babagan asal-usul Reog lan Warok, nanging salah siji cerita kang paling terkenal yaiku cerita babagan pemberontakan Ki Ageng Kutu, abdi kerajaan ing masa Bra Kertabumi, Raja Majapahit paling akhir kang berkuasa ana abad ke-15. Ki Ageng Kutu murka amarga pengaruh kuat saka pihak rekan Cina ing lan prilaku raja kang korup, dewekke uga mirsani yen kekuasaan Kerajaan Majapahit bakal berakhir. dewekke banjur ninggalake sang raja lan ngedegke perguruan lan ngajari anak-anak muda seni bela diri, ilmu kekebalan diri, lan ilmu kasempurnaan kang nduweni harapan supaya anak-anak muda iki bakal dadi bibit kebangkitane kerajaan Majapahit. Sadar yen pasukane cilik banget yen arep ngelawan pasukan kerajaan banjur pesan politis Ki Ageng Kutu disampakake ngganggo sarana pertunjukan seni Reog, kang dadi "sindiran" kanggo Raja Bra Kertabumi lan kerajaanne. Pagelaran Reog dadi cara Ki Ageng Kutu mbangun perlawanan masyarakat lokal gunakake kepopuleran Reog.
-->
Ana ing pertunjukan Reog ditampiake topeng bentuk sirah singa kang dikenal jenenge "Singa Barong", raja hutan, kang dadi simbol Kertabumi, lan ana nduwure ditancapake bulu-bulu merak sahingga nyerupai kipas raksasa kang nyimbolake pengaruh kuat para rekan Cinane kang ngatur ana ing saben gerak-gerikke. Jatilan, kang diperanake kelompok penari gemblak kang nunggangi kuda-kudaan dadi simbol kekuatane pasukan Kerajaan Majapahit kang dadi perbandingan kontras karo kekuatan warok, kang ana dibalik topeng badut abang kang dadi simbol Ki Ageng Kutu, dewekan lan nopang abote topeng singabarong kang luwih saka 50kg migunakake untune.
Cerita pemberontakan Ki Ageng Kutu iku dadi lambang kepribadian becik manungsa, kang terusmigunakke suara hatine supaya bisa terus tumindhak kanthi becik lan nyegah tumindak kang ala yaiku kesirat ana pesan politis Ki Ageng Kutu marang tumindak raja kang korup. Dewekke uga ngajar anak-anak muda seni bela diri, ilmu kekebalan diri, lan ilmu kasempurnaan kang nduweni harapan supaya anak-anak muda iki bakal dadi bibit kebangkitane kerajaan Majapahit. Kita ora bisa mungkiri yen waktu iki akeh tindakan korupsi ana Indonesia. Amarga kuwi, nilai-nilai luhur kasebut mesti migunani kanggo mbangun Indonesia kang luwih manusiawi, madani, bermartabat, lahir lan batin, sarta luwih terhormat ana tata pergaulan global.
Saka setitik uraian ana dhuwur uwis jelas, Reog pancen dudu penentu pokok becik apa alane bangsa kita, amarga isih akeh perkara kang luwih berpengaruh. Nanging, suatu kenyataan kang uga ora bisa dipungkiri, yaiku Reog iki bakal nduweni pengaruh marang masa depan bangsa amarga nilai-nilai luhur kang tersirat ana reog iku bisa dadi bahan renungan kanggo masyarakat supaya bisa nemuake makna-makna hidup manusiawine kanthi eksistensial uga kanthi transidental.
Teko dina iki, kita isih mirengake ungkapan yen bangsa kita iki bangsa kang gedhe, hari ini, kita masih mendengar ungkapan bahwa bangsa kita adalah bangsa besar, nduweni khazanah alam-lingkungan lan alam-budaya kang kaya banget, nanging jarang kita temukake manungsa kang bisa njelasake kaya apa kekayaan budaya kang kita nduweni. (Damardjati Supadjar, 2001: -)
Pernyataan saka kutipan iku dudu pernyataan kang tanpa ana buktine. Akeh kebudayaan bangsa kita kang ora kita kenal. Kita lagi ngerasa nduweni sakbubare kebudayaan iku diakui buah karya bangsa liya. Kaya kasus waktu-waktu wingi, kita nesu sakbubare lagu daerah, Batik, lan Reog kita diakui Malaysia. Padahal akeh saka kita kang ora gelem mempelajari lan menghayati warisan kebudayaan kang kita nduweni iki. Ojo nganti kasus-kasus iku terulang ing kebudayaan kita kang liyane.
Saka uraian-uraian kang uwis dakjelaske kasebut, aku bisa narik kesimpulan yen Reog Ponorogo kudu tetep kita jaga, kita lestarikake lan kita hayati makna kang terkandung. Kanthi penghayatan pentinge generasi-generasi kang tangguh lan bermoral semestine Reog ora kita tinggalake ngonowae namung lantaran ora modern. Kudu ditegasake yen ora kabeh budaya kang kuno iki ala lan sebalikke ora kabeh budaya modern iku becik. Kudu ana sintesa baru ing akulturasi budaya khususe. Budaya kang becik dipertahanke lan budaya kang ngancam kedaulatan bangsa kudu ditinggalake. Yen mengkono muga-muga bangsa Indonesia bakal bisa bersaing karo bangsa liyane. Bangsa Indonesia bakal dadi bangsa kang modern nanging uga tetep religius lan berbudaya.
Reog, kerep diidentikake karo dunia mistis llan kekuatan supranatural. Nanging kita ora oleh mandang sebelah mata lan meng-cap reog namung kebudayaan primitif. Sakdurunge nganalisis pernyataan iku luwih becik kita maca kutipan iki:
Ora fair yen kita namung ngungkapake hal-hal muram yen mandang dunia. Kesempatan lan peluang tetep kebuka, ora namung ing ekonomi, ‘tradisional’ kayata pariwisata amarga kita diberkahi aset alam lan budaya kang jarang ana bandinganne (Ninok leksono, 2000: xvi)
Saka kutipan iku aku nduweni harapan muga-muga kita bisa bebarengan mbuka mata hati kita yen dunia mistis ora bisa dipandang ala sakutuhe. Tradisi kang mistis liyane yaiku Grebeg Suro. Saben tanggal 1 Muharam Suro, ana kota Ponorogo diselenggarakake Grebeg Suro kang uga hari lahir Kota iki. Ana acara Grebeg Suro iki diadakake Kirab Pusaka kang biasane diselenggarakake sedina sakdurunge tanggal 1 Muharram. Pusaka peninggalan pemimpin Ponorogo jaman biyen, nalika isih ing masa Kerajaan Wengker kasebut diarak saka Makam Batoro Katong (pendiri Ponorogo) nuju Pendopo Kabupaten. Ana acara iki uga tersirat nilai-nilai luhur. Argumen iki dak tegesake nganggo kutipan iki :
Ana ing paham mistik iki, dudu tata lahir kang penting, nanging kebersihan lan kejernihan batin dadi faktor kondusif urip ana bumi demi tercapaine keteraturan kosmos. Amarga kuwi dibutuhake pengetahuan sejati, kang bisa dicapai kanthi nglatih rasa kang dadi sisi-siji ning sarana, ana konteks ngendi kehidupan moral bakal bisa dihayati kanthi njupuk jarak marang dunia lahir, dunia kasar, kang fenomenal sifate.(Slamet Sutrisno, 1985:24)
Amarga iku kita kudu tetep njaga kekayaan kita kasebut. Gusti Kang Maha Esa uwis kanthi adil nebarake bakat kanggo manungsa. Kita mesti berubah dadi luwih becik yen kita gelem berusaha temenan. Reog iki duweke kita, budaya kita, tanggungjawab kita. Ayo kita jaga lan kita lestarikake bebarengan. Kita kudu ndadikake budaya kita iki filosofi kehidupan, identitas bangsa kang tercermin ing sakkabehe sendi kehidupan berbangsa lan bernegara kanggo nyelamatake krisis multidimensial lan disintegrasi bangsa lan negara kang hingga sakiki durung nunjukake tanda-tanda bisa di atasi.
-->






Sumber foto dan kutipan:
- Leksono,ninok.2000.IndonesiaAbad XXI. Kompas:Jakarta
- Sutrisno, Slamet.1985.Sorotan Budaya Jawa dan yang lainnya. Andi Offset:Yogyakarta
- http://id.wikipedia.org/wiki/Reog_(Ponorogo)
- http://www2.kompas.com/ver1/negeriku/
- http://www.eastjava.com
ANA LOMBA BLOG PONOROGO LHO "Kabeh wae dijaluk partisipasine supaya tulisane awake dewe bisa migunani" http://www.kotareyog.com/ngeblog2008 Daftar lan Informasi luwih lengkap, klik ana kene Artikel iki mugo bisa kanggo ngungkapkan makna-makna nilai-nilai kearifan lokal supaya bisa didadikake inspirasi lan motivasi kanggo tekad perjuangan mbangun bangsa. semoga kirane migunani lan menehi sumbangan kang berarti kanggo Indonesia.
yen arep maca informasi tulisan kang mlaku iki, monggo kusoripun di arahke marang tulisan nggih

GOOGLE search
Custom Search

Google search

Custom Search